• Saat ini anda mengakses IndoForum sebagai tamu dimana anda tidak mempunyai akses penuh untuk melihat artikel dan diskusi yang hanya diperuntukkan bagi anggota IndoForum. Dengan bergabung maka anda akan memiliki akses penuh untuk melakukan tanya-jawab, mengirim pesan teks, mengikuti polling dan menggunakan feature-feature lainnya. Proses registrasi sangatlah cepat, mudah dan gratis.
    Silahkan daftar dan validasi email anda untuk dapat mengakses forum ini sepenuhnya sebagai anggota. Harap masukkan alamat email yang benar dan cek email anda setelah daftar untuk validasi.

FALSAFAH JAWA ( Ngelmu urip)

  • Pembuat thread awal. Pembuat thread awal. Angela
  • Tanggal Mulai Tanggal Mulai

Angela

IndoForum Addict A
No. Urut
88
Sejak
25 Mar 2006
Pesan
43.517
Nilai reaksi
32
Poin
0
NGELMU URIP

Anane tak wenehi irah-irahan ngelmu urip amarga ngelmu Jawa iku pancadane babagan nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam donya. Fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih dapat titis ing pati. Titis ing pati iku ora ngrembuk suwarga lan neraka. Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake sakabehing unsur-unsur kang mangun wujuding manungsa urip marang sumbere dhewe-dhewe kanthi sampurna. Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu) bali marang sumber-sumbere kang azali. Sing saka cahya lan teja ya bali marang sumber azaline. Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune wujud ninggala jeneng kang becik kang dapat tinulad dening turas (anak turune).
Amarga piwulange ngenani ngelmu urip, mulane piwulang Jawa luwih migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah. Kanyatan kang ora dapat dibantah, menawa manungsa ora dapat urip ijen, nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing alam donya (Ngarcapada) kene iki. Holistik, mangkono anggone para pakar menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. Karepe, menawa sakabehing kang ana ing alam semesta iki ana sesambungane sacara kosmis-magis. Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis mbalung sungsum dadi otot bayu. Karepe, wis dadi naluri dasar kanggone wong Jawa.

Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan laku tumangkare wiwit saka sumber asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki ora sarana anane sistim pendidikan. Mung sarana gethok tular ing antarane sesepuh marang generasi bacute. Nanging pilih-pilih marang sing dapat

ditulari kawruh. Mulane saya auwe saya tipis lan terasing saka wong Jawa dhewe. Malah-malah saking ora ngertine lan kebacut nyecep kawruh saka kabudayan lan peradaban saka manca banjur nganggep ngelmu lan laku Jawa iku mung gegayutan karo olah kebatinan. Sing ekstrim banjur ngarani yen klenik, tahayul lan gugon tuhon.

Kemajuan jaman ing wektu iki ndadekake manungsa mundhak pinter lan mulur nalare. Mula yen ngadhepi bab-bab sing kurang nalar padha ora tertarik. Kabeh-kabeh dianggep kudu logika penalaran kang klebu akal. Yen ora, dianggep omong kosong nggedebus adol abab. Apamaneh tuntutan kanggo survive ing jaman saiki butuh segala daya. Genahe, wektu iki ana pergerakan peradaban tumraping manungsa sak jagad. Owah-owahan kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing bengong semlengeren ora gaduk nalare kanggo memahami. Sing operasional kari naluri defensif supaya tetep survive. Kabeh butuh urip kang underane (manut Wedhatama): kecukupan kebutuhan sandhang-pangan-papan (kerta utawa arta), kajen keringan ing tengahing bebrayan (wirya) lan pinunjul ngelmu lan kawruhe (winasis). Menawa salah siji bab tetelu mau ora diduweni banjur banget nisthane kang diupamakake luwih aji godhong jati aking. Senajan diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha diterangake, nanging kanyatane ora saben uwong dapat nggayuh kanthi sampurna. Ing tengahing masyarakat ana sing sugih pol ning ya ana sing mlarat banget. Ana sing dapat dadi panutaning liyang (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi memalaning bebrayan. Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho lan bloon banget.

Kabeh prabedaning manungsa sing siji lan liyane kanyatane ana ing tenghing masyarakat. Mula ana potensi ketegangan kang ora ana enteke.

Mbok menawa bae sakabehing ajaran agama lan ideologi kang lair ing donya iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani murih rukune manungsa. Potensi ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat, ajaran agama lan etika moral liyane. Semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe tujuwan kanggo gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan. Mung bae, cara Jawa iku lueih tumuju marang rekadaya nata kesadaran batine manungsa katimbang gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing bebrayane. Ya kanggo nata kesadaran iku anane ngelmu lan laku ana ing piwulang Jawa. Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo ngadhepi persoalan urip ing jaman globalisasi wektu iki ?



Nilai-nilai budaya lan peradabane manungsa pancen owah gingsir manut jaman kelakone. Ngelmu lan laku kang ana ing piwulang Jawa wernane akeh lan duwe piguna dhewe-dhewe. nanging umume, gunane kanggo kepentingan urip. Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna. Ana sing becik-bener-pener kanggo kepentingane urip bebarengan, nanging ya akeh sing ala-salah-ngawur sing ngrusak bebrayan. Anehe, kok ngelmu lan laku kanggo kekarone ya ana kabeh ing jagad Jawa. Kabeh pancadane kanggo sangu nglakoni urip. Kanthi mangkono pancen rada abot angone arep njlentrehake bab sakabehing ngelmu lan laku Jawa. Mulane, murih kepenake anggonku ngaturake Ngelmu Urip ing postingan iki tak rujukake marang serat-serat kapujanggan kayadene Wulangreh, Wedhatama, lan liya-liyane. Muga-muga Gusti Kang Murbeng Dumadi ngeparengake.



Serat wulangreh: https://alangalangkumitir.wordpress....t-wulangreh-2/

Serat wedhatama:
https://alangalangkumitir.wordpress....t-wedhatama-2/ Kemarin 21:45
 
 URL Pendek:

| JAKARTA | BANDUNG | PEKANBARU | SURABAYA | SEMARANG |

Back
Atas.