• Saat ini anda mengakses IndoForum sebagai tamu dimana anda tidak mempunyai akses penuh untuk melihat artikel dan diskusi yang hanya diperuntukkan bagi anggota IndoForum. Dengan bergabung maka anda akan memiliki akses penuh untuk melakukan tanya-jawab, mengirim pesan teks, mengikuti polling dan menggunakan feature-feature lainnya. Proses registrasi sangatlah cepat, mudah dan gratis.
    Silahkan daftar dan validasi email anda untuk dapat mengakses forum ini sepenuhnya sebagai anggota. Harap masukkan alamat email yang benar dan cek email anda setelah daftar untuk validasi.

KIdung Versi Jawa:Dewa Yadnya, Manusa Yadnya, Pitra Yadnya, Butha Yadnya

iws

IndoForum Newbie F
No. Urut
82919
Sejak
24 Okt 2009
Pesan
26
Nilai reaksi
1
Poin
3
Rekan-rekan semua,

Saya mau share teks kidung jawa yang biasa dipakai oleh umat Hindu jawa dalam persembahyangan di Pura. Mudah-mudahan berkenan. Saya Mulai dengan Kidung Dewa Yadnya.

Kidung Dewa Yadnya

Pambuka
1. Mijil

Samapta Nggen Sami Sila Linggih
Pra Warga Sagolong
Netepi Wajib Wucal Dharmane
Para Warga Samya Mangastuti
Mring Hyang Maha Widhi
Paringe Rahayu

2. Asmorodono
Sun Wiwiti Amemuji
Anyebut Asmaning Atma
Wit Iku Yekti Jatine
Ingkang Wajib Den Pepuja
Ngluhuraken Asmanira
Sunare Kang Maha Agung
Reratuning Jagat Raya


3. Megatruh
Wus Kumelun Kukusing Dupa Kaluhur
Ganda Arum Marwak Wangi
Saking Pra Jalma Sadarum
Semedya Angesthi Widhi
Aminta Sih Mring Hyang Manon

4. Umum
Sruning Sedya Arsa Nyembah
Maring Ida Sang Hyang Widhi

5. Ari Saraswati
Wahyu Tumurun Gumebyar
Nedenging Ri Saraswati

6. Purnama
Padhang Bulan Kekencaran
Nedhengi Purnama Sidhi

7. Tilem
Sitaresmi Tan Sumunar
Nedhengi Tilem Kang Ari

Kidung Sembahyang
A. Kinanti Juru demung
1. Dhuh Gusti Kang Maha Agung
Pangeraning Jagad Katri
Acahya Suci Gumilang
Dhahat Dipun Sembah Puji
Anglunturno Sih Nugraha X2
Sumunaring Cahya Wening

2. Tumanduking Manah Ingsun
Manther Amadhangi Budhi
Dadasa Jalaranira
Rahayu Mulya Sayekti
Gesang Wonten Madya Pada X2
Dumugi Delahan Nenggih

3. Hyang Tunggal Ugi Sinebut
Narayana Dhedhasaring
Kang Tumitah Sabuwana
Ingkang Sampun Ingkang Wingking
Tampa Purwa Tan Wasana X2
Datan Wujud Datan Lair

4. Pepeteng Datan Anyaput
Netra Kang Wening Umeksi
Satuhu Sucining Dewa
Narayana Datan Kalih
Datan Wonten Nimbangana X2
Ingkang Uning Saget Tunggil

5. Paduka Ugi Sinebut
Hyang Siwah Mahadewadi
Iswarah Parameswarah
Brahma Wisnu Rudra Nenggih
Purusah Parikirtitah X2
Asma Yutan Eka Yekti

6. Kawula Rumaos Estu
Tiyang Dosa Langkung Nistip
Karma Jiwa Sarwa Dosa
Dosa Wiwit Duk Dumadi
Maha Suci Asih Mirah X2
Nyucekna Jiwangga Mami


7. Mahadewa Amba Nyuwun
Sih Nugrahaning Aksami
Sagung Gesang Kabejakna
Luwar Saking Dosa Sisip
Mugi Sang Hyang Sadasiwa X2
Karsa Tansah Angayomi

8. Dosa Saking Tindak-Tanduk
Pangucap Myang Muna-Muni
Dosa Salebeting Manah
Sembrana Myang Weya Mami
Gusti Ngluberna Aksama X2
Manunggaling Tur Sesanti

B.Mijil Sulastri
1. Wus Wancine Ayo Padha Bekti
Bareng Mnyang Ing Pura
Ing Gegana Trang Abyor Lintange
Titi Sunya Puspita Kasilir
Maruta Ris Kingis
Sumrik Gandanya Rum

2. Dhuh Pukulun Ida Sang Hyang Widhi
Paduka Kang Yektos
Paring Nugraha Lan Kamulyane
Manungsanira Tan Kendhat Muji
Mugi Den Ayomi
Ngantos Benjangipun.

3. Manjing Manembah Ing Pura Suci
Den Angagem Waton
Kudu Resik Ing Lair Batine
Yen Cunthaka Datan Kena Manjing
Pan Para Jinagi
Ing Kasucenipun.

4. Manjing Mandhalaning Madya Puri
Saking Nistha Miyos
Kori Candhi Bentar Ing Wastane
Panca Ndriya Maksih Angwasani
Tinata Tumuli
Mancik Madyanipun.

5. Aneng Madya Mandhala Wus Wiwit
Nata Lair Batos
Kaudi Tumuju Mring Gustine
Manjing Utama Mandhala Nuli
Pamikir Nyawiji
Nembah Hyang Maha Gung.

6. Lenggah Majeng Padmasana Suci
Sampun Amirantos
Jangkep Dalah Sagung Ubarampe
Phalam Puspam Patram Tirtam Suci
Dupam Anyranani
Manunggaling Kayun.

7. Pamangkune Wus Ngadhep Sesaji
Uborampe Kanggo
Srana Manggala Uparane
Saha Sabda Mantra Gentha Suci
Kanthi Ninging Batin
Nggennya Nedya Nungku.


8. Ganda Arum Mijil King Wewangi
Ngebeki Akasa.
Sinarengan Kang Swara Mantrane
Miwah Swara Kidung-Kidung Suci
Mugya Rawuh Aglis
Paduka Pukulun.

9. Citrane Kang Padmasana Yeki
Dumadi Tigang Ros
Pethan Penyu Lambang Ing Bumine
Naga Lambang Sandhang Pangan Nuli
Karang Macan Esthi
Isening Jagad Bhur.

10. Jagad Bhuwah Wujud Karang Peksi
Dene Ing Swah Yektas
Linambangken Ing Padmasanane
Mangka Palenggahaning Hyang Widhi
Sinembah Cinandhi
Aneng Pura Luhur.


C. Ketawang Ibu Pertiwi
1. Ibu Pertiwi
Paring Boga Lan Sandhang Kang Murakapi
Peparing Rejeki Manungsa Kang Bekti
Bu Pertiwi Bu Pertiwi
Sih Sutresna Mring Sesami
Bu Pertiwi Kang Adil Luhuring Budi
Ayo Sungkem Mring Ibu Pertiwi

2. Dhuh Sang Hyang Widhi
Para Putra Ngaturaken Sembah Bekti
Puspa Danta Sinucekna Sembah Mami
Om Ang Brahma Dipa Astra
Tansah Amba Sembah-Sembah
Mugi Paring Kasucian Marambahi
Tangan Kalih Miwah Waktra Suci


3. Hyang Maha Suci
Dhuh Hyang Atma Suksmaning Sedaya Gesang
Semba Sujud Amba Mugi Sinucekna
Puspa Denta Trus Sinembah
Tansah Paring Kasucian
Sembah Amba Konjuk Ing Hyang Tuking Padhang
Para Mayote Tumeja Rekta

4. Hyang Maha Suci
Hyang Baskara Lenggah Madyeng Padmasana
Ingkang Padhang Gumilang Maha Sampurna
Peteng Ribet Sinubrastha
Lebur Sirna Tanpa Sisa
Maha Mirah Paring Sandhang Bukti Mukti
Satuhu Hyang Sesembahan Amba

5. Hyang Maha Suci
Puspa Denta Sinucekna Sembah Mami
Sembah Bekti Konjuk Dhateng Maha Suci
Siwa Eka Anglimputi
Lenggah Padmasana Suci
Satuhu Hyang Datan Kakung Datan Putri
Sesembahane Para Sujalmi

6. Hyang Maha Suci
Om Tri Murti Brahma Wisnu Ugi Siwa
Ingkang Murba Wasesani Tri Buwana
Sarwa Gesang Tineguhna
Sesakit Sirna Sedaya
Peteng Ribet Susah Godha Ilang Musna
Ugi Reridune Desa Praja

7. Hyang Maha Suci
Puspa Denta Sinucekna Sembah Amba
Manembah Hyang Maha Asih Maha Mirah
Dewa Paring Kanugrahan
Suka Beja Karaharjan
Maha Mirah Kang Tansa Pinuji-Puji
Amba Ynembah Kang Paring Nugraha

8. Hyang Maha Suci
Dewa-Dewi Pangeran Maha Sampurna
Sagung Wonten Jalaran Yadnya Paduka
Bagya Mulya Panjang Yuswa
Nur Sambekala Trus Suka
Muhung Saking Hyang Nugraha Asih Mirah
Hyang Murbengrat Sinembah Pro Titah

9. Hyang Maha Suci
Om Dipastra Sinucekna Tangan Amba
Tangan Ingkang Kiwa Tengen Sinucekna
Sarta Ugi Ponang Waktra
Sinucekna Dhuh Bathara
Sembah Bekti Mugi Konjuk Dewa Suksma
Kang Datan Kenging Kinaya Ngapa.


Kidung Ari Siwaratri
Kinanti Jurudemung
1. Sumewa Sumungkem Ingsun
Rikala Ri Siwaratri
Keleres Ing Prawaninya
Mangsa Kapitu Sayekti
Peteng Dhedhet Lelimengan
Linampahan Saben Warsi

2. Inggih Paduka Pukulun
Minangka Teleng Pangesthi
Murba Ing Saisining Rat
Misesa Sagung Dumadi
Muhung Dumateng Paduka 2x
Sembah Lair Trusing Batin.

3. Wahane Sembah Ingsun
Wahyadyatmika Sayekti
Pasrah Sumarah Nelangsa
Mring Paduka Sang Yang Widhi
Ketang Agenging Dedosa 2x
Saking Ulah Siang Ratri

4. Agenge Ngungkuli Gunung
Wiyar Apindha Jaladri
Amba Minta Sih Wilasa
Keparenga Ngudaneni
Anglukat Sakeh Memala 2x
Telasa Jo Nganti Keri

5. Amaringana Pitulung
Sang Hyang Siwah Kang Pinuji
Tumurun Ing Ngarcapada
Nedya Kepareng Paring Sih
Nglukat Dosane Pra Jalma 2x
Kang Datan Nendra Saratri

6. Rinucat Dedadosanipun
Sirna Sukertane Diri
Atma Sumunar Cahyane
Pindha Sang Hyang Sitoresmi
Dadya Damaring Bawana 2x
Wit Saka Karsa Dewadi

7. Antuke Nugraha Agung
Tinumbas Laku Utami
Krana Olah Yoga Brata
Miwah Tekuning Samadi
Ing Saratri Datan Nendra 2x
Prayoga Wimbuh Saari

8. Tinampi Panyembahipun
Sumawur Saking Wiyati
Gandarum Wangi Angambar
Akarya Sengseming Ati
Dewa –Dewi Swarga Loka 2x
Paring Sesanti Basuki

9. Rahayu Selaminipun
Pinayungan Ing Hyang Widhi
Kinalingan Hyang Iswarah
Antuknya Ulah Utami
Kinasihan Para Dewa 2x
Sinubya Gung Widodari

10. Ilang Sirna Dosanipun
Dadya Musthikaning Janmi
Sembada Karya Raharja
Nadyan Sugeng Bumi
Cinadhangan Swarga Loka 2x
Wit Saka Kersa Dewadi

11. Kadang-Kadangku Sedarum
Amrih Yuwana Basuki
Luhurna Ambeg Utama
Padha Ulah Darmastuti
Antuk Ayu Bagya Mulya 2x
Ywa Lirwa Ri Siwaratri .

Kidung Ari Galungan
Mijil
1. Raras Ing Tyas Asri Anyarengi
Ring Jangkah Kang Maton
Ruruh Amulat Kang Pakartine
Rasa Resep Raras Trusing Ati
Rumangsa Wus Sisip
Rasa Kang Kalantur

2. Ing Pangesti Aja Angawiti
Udaya Kang Awon
Arsa Meleng Mring Rahayune
Anunggalken Ubayaning Budi
Angeningna Jati
Umangsah Hyang Agung

3. Nahan Rasa Yayah Sri Narpati
Narima Ing Raos
Nadyan Awrat Paharti Budine
Nanging Yen To Antuk Sihing Widhi
Nuhoni Ing Dharmi
Nuntun Suceng Kayun

4. Geganthane Tulada Utami
Ginelar Ing Wedha
Gegulangen Dadya Sesulihe
Geganthane Tan Nilar Utami
Gagar Tanpa Sisip
Gumolong Hyang Agung

5. Ajeg Wuku Galungan Pinasthi
Ari Budha Kliwon
Anedahken Asor Adharmane
Antuk Daya Titah Kang Mangesthi
Antuk Sihing Widhi
Amanggih Rahayu

6. Liniwatan Raditya Kang Pahing
Lampah Dungulannya
Langkung Luwes Pakarti Godhane
Linambaran Angkara Sinandi
Limpat Ing Pambudhi
Luntura Tyas Hayu

7. Ulah Cidra Galungan Nututi
Urut Ri Soma Pon
Ugi Karya Janma Mrih Sisipe
Ulah Karsa Dadya Anjalari
Usreg Wong Sabumi
Unggah-Ungguh Luput

8. Nuntun Malih Amangkurat Nuli
Napak Ri Anggara
Nuju Wonten Wage Wewarane
Nindakaken Godha Gung Ajulig
Nrabas Nggegirisi
Napase Lir Lesus

9. Gegambaran Panggodha Gung Kang Tri
Gumathoking Raos
Gagar Wigar Wit Emut Dharmane
Golong-Gilig Gelenging Pambudi
Gegaran Sejati
Gambuh Trus Ing Kayun

10. Ambawani Pandang Ing Pangesthi
Angesthi Hyang Manon
Anerawang Sumunar Cahyane
Amadhangi Titahing Hyang Widhi
Ambabar Basuki
Antuk Sih Hyang Agung

11. Nuhonono Warah Wedha Jati
Naluri Kang Katon
Nandukaken Pakarti Dharmane
Nalongsowo Ing Pada Hyang Widhi
Nuhoni Sesanti
Nemahi Rahayu

Kidung Ari Saraswati
Kinanti Jurudemung
1.Wukunipun Watugunung
Wewaranira Kang Manis
Wonten Ari Saniscara
Winastan Ri Saraswati
Wau Wahyuning Bathara X2
Wus Tumurun Sang Hyang Aji

2.Ing Sanepan Wanodya Yu
Inggih Makaten Kang Ngelmi
Ingkang Andulu Kasmaran
Ing Manah Sengsem Sayekti
Inggih Saktinya Hyang Brahma X2
Inggih Dewi Saraswati

3. Darbe Ambeg Suci Tuhu
Dening Lambang Trate Jati
Dene Banyak Sung Lampita
Den Uninga Bener Sisip
Dinuwo Ambeg Angkara 2x
Dimen Titis Ing Pangesti

4. Yen Linaras Lir Swara Rum
Yekti Sengsem Jroning Ati
Yo Gitar Dadyo Pralambang
Yayah Kidunging Hapsari
Yen Lagiyo Maos Weda X2
Yekti Mranani Ing Ati

5. Aran Mangkono Kang Ilmu
Antuk Lambanging Genitri
Anguji Salwiring Sastro
Awit Lahir Prapteng Lalis
Aga Alus Wus Pinangyo X2
Antuknyo Tan Bisa Tapis

6. Sinawung Kropak Kang Semu
Sayekti Langgeng Kang Ngelmi
Sinimpen Jroning Wardaya
Soyo Wuwuh Ing Pangesthi
Sadarum Tan Kasmaran X2
Sumunar Wahyuning Widhi

7. Tinulis Sakjroning Kalbu
Tumanduk Lawan Pakarti
Tawar Tumindak Tan Yogya
Tandange Tatas Lan Titis
Tondho Yen Wus Katarima X2
Tinampi Ngarso Hyang Widhi

8. Unggyaning Titah Sadarum
Udinen Ywo Kongsi Lali
Undhakno Roso Manembah
Undurno Pakarti Sisip
Ukuren Pribadi Nira X2
Ulah Hayu Kang Pratitis

9. Tumemen Demen Tinemu
Tansah Manembah Hyang Widhi
Tumungkul Ngandeling Suksma
Tan Lirwa Tresna Sesami
Tuwajuh Mring Sastra Weda X2
Tuhu Kinasih Hyang Widhi


10. Inggih Paduka Pukulun
Ingkang Ngayomi Pro Jalmi
Iswarah Parameswarah
Idhep Amba Trus Mangesti
Ing Ngandhap Pada Paduka X2
Ing Siang Pantaran Ratri

11. Nugroho Wahyu Sumunu
Inggih Wit Sihing Hyang Widhi
Tumurun Mring Kang Manembah
Amba Atur Asesanti
Mugi Tansah Pinaringan X2
Widada Hayu Basuki

Kidung Ari Pagerwesi
Asmaradana
1. Sun Wiwiti Amemuji
Anyebut Asmaning Atma
Wit Iku Yekti Jatine
Ingkang Wajib Den Pepuja
Ngluhuraken Asmanira
Sunare Kang Maha Agung
Reratuning Jagat Raya

2. Raga Niki Mring Sadremi
Nglakoni Osiking Manah
Yen Nganti Ilang Elinge
Ilang Namining Manungsa
Yen Kamanungsane Ilang
Apan Risak Tan Tinemu
Hamanggih Papa Sangsara

3. Padhuka Hyang Maha Widhi
Guru Saisining Bwana
Maha Weruh Tansah Angen
Mangkyo Amba Ngaras Pada
Bekti Sumungkem Paduka
Dhuh Sapinten Sisip Ingsun
Mugi Paringo Aksama

4. Samangkya Ingwang Udani
Mring Tatwa Jatining Atma
Tan Beda Lan Sang Manone
Jro Gesang Sumampir Raga
Anyandhang Sarwa Sangsara
Paduka Kang Maha Agung
Pangruwating Papa Nistha

5. Tatwa Sajatining Urip
Yekti Sarating Kang Kwasa
Ing Raga Muhung Kang Manggen
Raga Maujud Ing Donya
Kanyatane Punarbhawa
Wekasan Rusak Lan Lampus
Parane Bali Sangkannya

6. Hyang Brahma Maha Angripti
Yekti Sumbering Kang Ana
Jagat Raya Saisine
Amung Paduka Kang Ana
Dhuh Gusti Kang Maha Esa
Mung Paduka Kang Maha Gung
Datan Kena Dinuluwo

7. Nuju Ari Pagerwesi
Nyuwun Panguwatan Jiwa
Ing Raga Atma Kang Manggen
Gesang Wonten Mayapada
Marih Rahayu Widada
Dhuh Gusti Kang Maha Agung
Mung Paduka Kang Miyarsa

8. Nuju Ari Saraswati
Ari Tumuruning Weda
Wahyu Sucining Hyang Widhi
Putri Kang Endah Ing Warna
Pinangka Sesimbul Ira
Mung Paduka Kang Maha Agung
Yekti Sumbering Kahanan

Kidung Ari Nyepi
Mijil
Pambuka
Lumadine Upacara Nyepi
Tumanggap Trus Raos
Haminto Sih Mring Pra Batharane
Mrih Yuwana Tata Tentrem Yekti
Saisining Bumi
Wit Hyang Maha Agung

1. Dumadine Manunggaling Ati
Dadaraning Raos
Den Udiyo Mrih Jumbuh Rasane
Dadya Srana Manembah Hyang Widhi
Dimen Antuk Asih
Dumawahing Ebun

2. Wiwitane Amba Atur Bekti
Wus Katur Hyang Manon
Wiramane Mantram Sejatine
Wanter Atur Banten Ingkang Suci
Wit Saka Antuk Sih
Wahyuning Hyang Agung

3. Ingkang Tuhu Manembah Sayekti
Ing Lahir Lan Batos
Ingajab Pra Dewa Lan Dewine
Iku Tuhu Panguwaos Jati
Ingkang Peparing Sih
Ing Kita Sedarum

4. Weruhana Kadang Kakung Putri
Wahyuning Hyang Manon
Winulat Ing Wirat Lungit Wasa
Wimbuh Awrat Wening Lawan Suci
Wahana Ing Sepi
Wahyaning Asamun

5. Amung Kudu Tansah Sungkem Bhekti
Antuk Lahir Batos
Amemuji Mring Sesembahane
Anunggalken Karsa Lan Pangesthi
Amung Ana Siji
Amuji Hyang Agung

6. Reroncene Raras Ing Pambudi
Rumeseping Raos
Rinasakna Rasa Pangrasane
Rinuwat Kang Arsa Memalangi
Rasane Wus Panggih
Rahayu Sedarum

7. Duh Hyang Widhi Paringa Aksami
Dharmaning Pangwaos
Dhumateng Sadaya Pakartine
Den Paringno Suluh Damar Suci
Dadya Amadhangi
Dateng Warga Hindhu

8. Hesthining Tyas Tansah Anyawiji
Hing Ngarsa Hyang Manon
Hamemuji Mrih Kalis Godhane
Hantuko Sih Sagung Kang Kaesthi
Hantuk Pangaksami
Hing Ngarsa Hyang Agung.

9. Amba Ngaturaken Saji Suci.
Awasta Cecaos
Asep Menyan Dupam Lan Sajine
Anjalari Sengseming Pangesti
Antuk Sihing Widhi
Amrik Ngambar Arum

10. Nurut Wewarah Kang Wus Pinesthi.
Nenggih Tuhu Yektos
Nalurine Saking Leluhure
Nanging Ngemot Piwilang Utami
Nunas Sihing Widhi
Nambah Suceng Kayun

11. Ing Sesanti Yuwana Astuti.
Ingkang Samyo Bektos
Ing Pangesti Mring Pra Betharane
Ingkang Samyo Linampahan Santi
Inggih Antuk Ing Sih
Ing Ngarsa Hyang Agung

Kidung Pari Purnam
Hina Saram Hina Padham
Hina Mantram Tatae Waca
Hina Bhaktim Hina Wredim
Sada Siwa Namo Stute
Reff.2x
Mantram Hina Kriya Hinam
Bhakti Hinam Maheswara
Yaptu Yitam Mahadewa
Pari Purnam Tat Astume

Om Shanti, Shanti, Shanti, Om



Kidung Turun Tirta
Megatruh
1. Sumirate Tirta Suci Gya Sinawung
Pratingkahe Para Wasi
Ing Ngarsa Miwah Ing Pungkur
Percikane Angebekti
Umatnya Samya Cumadhong.

2. Nuhur Tirta Amerta Suci Manulus
Ica Dhuh Hyang Pasupati
Papa Lara Kala Lebur
Klawan Sarwa Dosa Sami
Panjang Tuwuh Duh Ring Awon.

3. Tirta Maring Kamandalu Muncrat Mumbul
Sinirat Pemangku Sami
Saha Mantra Siddhi Tuhu
Sariran Wang Krtanjali
Nuwuhaken Hyang Pangayom.

4. Om Dirghayu Subham Astu Tatstu Astu
Sukham Purnam Sriyam Swasti
Awighnam Astu Bhawantu
Tatstu Astu Sapta Werdhi
Om Shanti Shanti Shanti Om.

Kidung Melaspas
Kinanti Juru Demung
Pambuka:
Risang Maha Yekti Sawusing Samadi
Munggwing Pacrabakan Dangu Aningali
Wijiling Sasangka Saking Graning Wukir
Karenan Tyasira Alon Angandika

Sruning Sedya Arsa Nyembah,
Maring Ida Sang Hyang Widhi
1.Tirta Puspa Amrik Arum
Miwah Dupa Ngambar Wangi
Yekti Pinangka Sarana
Sungkem Mring Ngarsa Hyang Widhi
Sarwi Anyakupken Asta (2x)
Lenging Driya Sujud Bekti

2.Dhuh Gusti Kang Maha Agung
Kang Amisesa Sakalir
Ratu-Ratuning Triloka
Kawula Atur Sesaji
Wonten Kirang Wonten Lepat (2x)
Mugi Hyang Widhi Paring Sih

3.Kairing Sruning Panyuwun
Purnaning Wangunan Candhi
Miwah Jejering Pangrurah
Panyengker Kori Pengapit
Jro Upacara Melaspas (2x)
Mugya Hyang Widhi Paring Sih

4.Sadaya Ingkang Den Bangun
Kasucekna Hing Hyang Widhi
Kalis Saking Kala Wigna
Jenjem Tentrem Jro Ngabekti
Cahya Suci Trus Sumunar (2x)
Nyrambahi Madhangi Budi

5.Tinuntun Mring Marga Hayu
Tebih Saking Tindak Sisip
Yuwana Sagung Bebrayan
Sinung Beja Keh Rejeki
Yekti Sihing Hyang Wisesa (2x)
Ingkang Dhahat Welas Asih

6.Sembah Sungkem Mring Hyang Agung
Sinartan Banten Sesaji
Pan Kairing Puji Mantram
Hyang Widhi Kersoa Nampi
Atur Sembahing Pra Titah (2x)
Nyawiji Konjuk Hyang Widhi

7.Dhuh Hyang Widhi Maha Agung
Maha Welas Maha Asih
Nyuwun Aksama Sakeh Dosa
Tinebihna Tindak Sisip
Tinuntun Mring Margi Dharma (2x)
Widada Tentrem Basuki

8.Mring Sesami Guyub Rukun
Kinambaran Welas Asih
Kasembadan Kang Sinedya
Kaide Dening Hyang Widhi
Yekti Iku Kanugrahan (2x)
Peparing Hyang Maha Asih

9.Genging Cipta Sru Nyenyuwun
Lelandhesan Raos Bekti
Manembah Mring Hyang Wisesa
Sumber Asaling Dumadi
Pangwasaning Jagad Raya (2x)
Sadaya Titahing Widhi

10.Kathah Cicir Kirangipun
Sesaji Kang Wus Rinakit
Sinawung Puji Lan Mantram
Mugi Ngunturno Aksami
Awit Purwo Trus Wasana (2x)
Mugi Rahayu Basuki
 
Kidung manusa yadnya

Langsung saja:

Kidung Sudhi Wedhani Calon Penganten
Kinanti Jurudemung

1. Kinanthenan Manur Dhadhu
Karya Pamuja Hastuti
Tinampi Lan Sukarena
Wahyu Jatmika Mranani
Tandukna Kanthi Pramana 2x
Aywo Keduwung Ing Benjing

2. Dhawuhe Hyang Maha Agung
Sedaya Gesang Puniki
Pan Samya Apalakrama
Nuhoni Wajibing Urip
Nilar Alam Kang Kapisan 2x
Kapindho Arsa Ngidhaki

3. Ingugung Wektu Kapungkur
Dening Yayah Rena Neki
Tansah Anut Panedahnya
Dama Dharma Mring Sudarmi
Datan Nalisir Wewarah 2x
Dadya Jalmi Kang Utami

4. Alam Kadwi Bedanipun
Yekti Pahargyan Puniki
Amiwaha Sang Pangantyan
Tinresnanan Ing Sesami
Arsa Paring Pangestunya 2x
Miwah Puja Pudyastuti

5. Samangkya Den Satya Tuhu
Anuhoni Marang Wajib
Ywa Kongsi Sira Nggegampang
Yaiku Damar Sayekti
Titinen Ingkang Waspada 2x
Tanapi Ing Siang Ratri

6. Tumus Tumekaning Kalbu
Gegarane Wong Urip
Amung Ati Pawitane
Yen Angel-Angel Kepati
Tan Kena Tinumbas Arta 2x
Marmane Den Ngati-Ati

7. Nanging Kosok Wangsulipun
Lamun Gampil Lanhkung Gampil
Tan Kena Kinaya Ngapa
Yektine Amung Sadremi
Kapurba Lan Kawisesa 2x
Dening Sang Hyang Maha Suci

8. Sinigeg Laguning Kidung
Winantu Suka Basuki
Widada Nir Sambekala
Tuluis Wibawa Mukti
Ing Mayapada Tumeka 2x
Ngantis Takdiring Hyang Agung

Kidung Bayi Lair, Sepasaran, Selapanan, Lsp
A. Mijil

1. Bebukane Golang Galing Kaki/Nini
Kidhang Wulung Wayah
Kaki Among Nini Among Kiye
Lah Tunggunen Gusti Arsa Guling
Sira Sun Opahi
Kang Satriya Mujung

2. Kakang Kawah Adhi Ari-Ari
Padha Anglumpuka
Bok Nirbiyah Lan Diyah Den Age
Bathok Bolu Lan Uyah Ywo Keri
Lan Arta Rong Nduwit
Dome Ojo Kantun

3. Beras Abang Klawan Lenga Wangi
Miwah Gantal Karo
Tetulisan Suci Lan Jarwane
Den Lebokna Ing Kendhil Tumuli
Nganggo Lawe Putih
Karya Lemekipun

4. Kutu-Kutu Walang Taga Sami
Bareng Lair Engong
Kang Gemremet Kang Kamerlip Kabeh
Lah Tunggunen Gusthi Arsa Guling
Sira Sun Opahi
Jenang Sumsum Lemu

5. Dandane Saking Suwarga Adi
Bathok Isi Konyoh
Bathok Isi Tapel Lan Pupuke
Ana Nggawa Bokor Lawan Kendhi
Ana Nggawa Maning
Kebut Miwah Payung

6. Widodari Gumrubyuk Nekani
Pra Samya Amomong
Ana Ngreksa Ing Kanan Keringe
Ana Nggawa Kasur Klawan Guling
Kojong Sirah Adi
Sutra Putih Kemul

7. Benjang Lamun Bayi Mbeka Nangis
Ingembanen Sigra
Menyang Latar Pojok Lor Prenahe
Pro Leluhur Rawuh Anyuwuki
Meneng Aja Nangis
Jabang Bayi Turu

8. Isik Among Putune Si Kaki/Nini
Kidang Wulung Calon
Putune Si Kaki/Nini Among Kiye
Gumlundhung Lir Padhas Sela Giri
Kadange Si Kaki/Nini
Jurung Ing Sedya Yu

9. Eman-Eman Cah Bagus/Ayu Jo Nangis
Luwung Ageguyon
Sun Opahi Kitiran Kang Gedhe
Yasanira Sanghyang Hening Jati
Ilir-Ilir Silir
Sumilir Hyang Bayu

10.Kaping Tiga Anulya Winisik
Karnanira Karo
Cupalicu-Sipalicu Sare
Ojo Nangis Yen Tan Bisa Nolih
Githokmu Pribadi
Cup Meneng Les Turu

B. Dandanggula
1. Ana Kidung Rumeksa Ing Wengi
Teguh Hayu Luputa Ing Lara
Luputa Bilahi Kabeh
Jim Setan Datan Purun
Panalehan Tan Ana Wani
Miwah Panggawe Ala
Gunane Wong Luput
Gegeni Satemah Tirta
Maling Ngadoh Tan Ana Ngarah Mring Mami
Duduk Guna Pan Sirna

2. Ana Kidung Akadang Premati
Among Tuwuh Ing Kuwasaniro
Nganakaken Saciptane
Kakang Kawah Puniku
Kang Rumeksa Ing Awak Mami
Anekakaken Sedya
Pan Kuwasanipun
Adhi Ari-Ari Ika
Kang Mayungi Ing Laku Kuwasaneki
Ngenakaken Pengarah

3. Ponang Getih Ing Rahina Wengi
Angrowangi Gusti Kang Kuwasa Andadekaken Karsane
Puser Kuwasanipun
Nguyu-Uyu Sembawa Mami
Nuruthi Ing Panedha
Kuwasanireku
Jangkep Kadangingsun Papat
Kalimane Pancer Wus Sawiji
Nunggal Sawujud Ingwang

4. Yeku Kadang Ingsun Kang Umijil
Saking Marga Ina Sareng Samya
Sadina Awor Enggone
Sakawan Kadang Ingsun
Ingkang Ora Umijil Saking
Marga Ina Punika
Kumpule Lan Ingsun
Dadiya Kasantosanira
Wawayangan Ing Dat Reke Dadi Kanthi
Saparan Datan Pisah

5. Yen Angidung Poma Den Memetri
Mumulea Sega Golong Lima
Takir Ponthang Wawadhahe
Iwak-Iwakanipun
Iwak Tasik Rawa Lan Kali
Sarta Iwak Bengawan
Mawa Gantalipun
Rong Supit Winungkus Samya
Apan Dadya Sawungkus Arta Saduwit
Sawungkuse Punika

6. Tumpangena Ing Ponthangnya Sami
Dadya Limang Wungkus Ponthang Lima
Sinung Sekar Cepakane
Loro Saponthangipun
Kembang Boreh Dupa Ywa Lali
Memetri Ujubira
Donganira Hayu
Poma Dipun Lakonana
Saben Dina Nuju Kalahiran Neki
Agung Sawabe Ika

7. Balik Lamun Nora Den Lakoni
Kadangira Pan Padha Ngrencana
Temah Udrasa Ciptane
Sesedyanira Wurung
Lawan Luput Pangarah Neki
Sakarepira Wigar
Gagar Datan Antuk
Saking Kurang Temenira
Madhep Laku Iku Den Awas Den Eling
Samya Den Kawruhana

C. Kinanthi
1. Yen Nangis Lare Puniku
Lela-Lelanen Anuli
Supaya Doh Kang Lalara
Sarap Sawane Alari
Tan Wani Anyedhakana
Saking Nugraheng Hyang Widhi.

2. Winacaa Puji Iku
Jin Setan Lumayu Nggendring
Sarapsawane Anyimpang
Panca Baya Pan Sumingkir
Kala-Kalane Akesah
Datan Wani Amarani

3. Pitik Tulak Pitik Tukung
Tetulake Jabang Bayi
Situlak Tunggu Neng Marga
Situkung Mangungkung Ngrasi
Cacing Recek Samya Ilang
Kruma Kremi Padha Mati

4. Ana Kinjeng Tangis Mabur
Amencok Neng Sela Hardi
Miring Tangise Si Jabang
Arsa Nyuwuk Anjampeni
Jabang Bayi Wis Menenga
Wis Turua Aywa Nangis
5. Sapa Manglong-Manglong Iku
Apa Sira Maling Sekti
Ing Lor Kidul Kulon Wetan
Den Kongkon Aguna Maling
Amburu Sing Asu Ajag
Dipoma Den Kongsi Mati

6. Maling Aguna Sireku
Kalawan Sing Bajing Kikik
Miwah Si Aji Palampang
Reksanem Sijabang Bayi
Mburu Jinadha Jantaka
Lawan Si Gumarang Sapi

7. Miwah Siceleng Demalung
Tundhungen Dimen Angalih
Yen Wis Nora Katinggalan
Sira Balia Den Aglis
Reksanen Ingkang Santosa
Anak Ingsun Jabang Bayi

8. Sawengi Aja Na Turu
Dimen Adoh Kang Bilahi
Sumingkir Ingkang Lalara
Tan Ana Wani Nyedhaki
Muliha Aywa Nggegawa
Si Jabang Amales Becik.
 
Kidung Pitra Yadnya

Langsung saja:


Kidung Pitra Yadnya

A. Layu-Layu (Mijil)

1. Wijiling Tyas Nalangsa Minta Sih
Mring Ngarsa Hyang Manon
Meminta Sih Atma Pitarane
Mugi Tinuntun Hyang Siwah Yekti
Manggih Rum Mrik Suci
Manjing Suwarga Gung

2. Purwakane Upacara Pitri
Pinanggyo Trus Raos
Pangabekti Hyang Prajapatine
Pangabekti Miwah Pangawangi
Paduka Paring Sih
Para Paminta Rum

3. Ing Pra Titah Kang Wus Den Timbali
Ing Ngarsa Hyang Manon
Inggih Mugi Paring Aksame
Inggih Namung Paduka Sayekti
Ingkang Wenang Ring Sih
Ing Titah Sadarum

4. Tuhu Amung Mring Paduka Widhi
Titahnyo Cecaos
Titi Tatas Titis Pakartine
Tinuntuna Tindak Kang Tan Sisip
Tumanduk Ing Karti
Tumuju Ing Sedya Yu

5. Rara Riris Rasa Ing Pangesthi.
Rinuwato Yektos
Ring Pra Pitri Kang Aneng Ngarsane
Rinuwato Karmaniro Sami
Rantas Lumampah Ris
Rawuh Ing Swarga Gung

6. Ing Paminta Mring Hyang Prajapati
Inggih Den Wangsulno
Ing Asal Usul Mula Bukane
Inggih Panca Mahabutha Yekti
Ing Pralina Neki
Ing Hyang Rudranipun

7. Yuwanane Atma Loka Pitri.
Yekti Yen Wus Maton
Yeku Wohing Pakarti Sugenge
Yen Jumbuh Lathi Klawan Pakarti
Yeku Antuk Mukti
Yogya Ing Swarga Gung

8. Antuknya Pra Putra Sami Ngesthi.
Arsa Minta Yektos
Aminta Sih Mring Pra Betharane
Amanggiha Nugrahaning Widhi
Atmaning Pra Pitri
Antuk Swarga Gung

9. Dhateng Para Putra Wayah Sami.
Darbe Wajib Caos
Dupa Sekar Satra Sesajine
Dhumateng Para Leluhur Neki
Dadya Srana Bekti
Dimen Antuk Hayu

10. Nurut Paugeran Tama Suci
Nanging Tuhu Yektos
Nandukaken Puja Sesajine
Nora Nalisir Piwulang Suci
Narik Nugraha Sih
Nugraheng Hyang Agung

11. Yekti Tuhu Putra Kang Utami.
Yen Wus Lair Batos
Yeku Marga Misungsung Luhure
Yekti Lamun Dadya Tandha Yekti
Yun Sumewa Ing Sih
Yuwananing Kayun

12. Atur Amba Ing Ngarsa Hyang Widhi.
Analangsa Yektos
Awit Saking Rumangsa Sudrane
Amanggiho Damar Kang Sejati
Atur Asesanti
Antuk Nugraha Gung

B. Panjang Ilang

1. Marma Samya Pra Sentana
Mengeti Kang Sampun Layu
Mring Ngarsa Hyang Maha Agung
Miturut Pesthining Karma
Mratandani Mratandhani Setya Tuhu
Mulat Mring Dharmaning Putra
Minangka Atur Pisungsung.

2. Ginelung Ing Upacara
Gumolong Sajroning Kalbu
Golong Gilig Wus Tinemu
Gancar Lampahing Panyipta
Gegarane Gegancarane Sarwa Arum
Gentur Hardaning Wardaya
Gati Atur Mring Hyang Agung

3. Ya Iku Kang Maha Kwasa
Yadnya Amba Mugi Katur
Yuwananing Jagad Agung
Yo Wit Pangayomanira
Yekti Tuhu Yekti Tuhu Atur Ingsun
Yayah Jejering Prabata
Yo Wau Sembahing Ingsun

4. Nora Kendhat Analangsa
Nuntun Paminta Hyang Agung
Nedahken Marganing Hayu
Nadyan Sudra Atur Ira
Nora Nlisir Nora Nlisir Kajeng Kayun
Nurut Lampahing Kang Bajra
Nambahi Antebeng Kalbu

5. Sumarah Ngandeling Suksma
Santer Ing Paminta Ingsun
Sakabehing Kang Reretu
Sirna Linuka Sadaya
Sumingkir Kang Sumingkir Kang Angreridu
Saking Nugrahaning Dewa
Satuhu Nugraha Agung

6. Marma Padhang Ingkang Marga
Marak Ngarsaning Hyang Agung
Marga Sinurung Sadya Yu
Manther Mantraning Pamuja
Murub Mubyar Murub Mubyar Esmunipun
Mencorong Lir Sanghyang Arka
Marga Tumuju Swarga Gung

7. Jodho Jumbuh Ing Paminta
Jumurung Kang Sampun Layu
Jroning Pitri Loka Tuhu
Jejeg Jantraning Laksana
Jinarwan Ing Jinarwan Ing Mantra Agung
Jati Sampun Tinarbuka
Jumangkah Ing Suwarga Gung

8. Sumunar Pindha Kencana
Sinangling Cahya Sumunu
Sasat Bathara Satuhu
Sinambut Pra Widadara
Sinawur Ing Sinawur Ing Puspa Arum
Sanyata Antuk Aksama
Sayektine Nugraha Gung

9. Tan Marlupeng Kang Wadhagnyo
Telasa Ywa Nganti Kantun
Tibeng Asal Usulipun
Tuhu Panca Mahabutha
Telas Tapis Telas Tapis Tanpa Kantun
Tandha Sampun Den Pralina
Tumuju Hyang Rudranipun

10. Tandha Yen Wus Katarima
Tinampi Ing Yadnyanipun
Tan Sisip Dharmaning Sunu
Tuhu Mangkono Suputra
Tinulata Tinulata Lekasipun
Tindakna Ywa Kong Lirwa
Tatas Titis Mrih Rahayu

11. Suka Bagya Pra Sentana
Sadaya Ingkang Ginayuh
Sanget Manther Esthinipun
Sagung Warga Samya Tunggal
Setya Tuhu Setya Tuhu Ing Sedya Yu
Sesantine Atur Amba
Suka Hayu Kang Tinemu

C. Megatruh
1. Wus Nyawiji Pra Umat Hindu Sedarum
Sadaya Sampun Sumiwi
Hameleng Sajroning Kalbu
Nlangsa Raos Ing Tya Mami
Emut Mring Dharmaning Titah

2. Sun Miwiti Manembah Hyang Maha Agung
Dupa Sekar Wus Cumawis
Toya Latu Datan Kantun
Minangka Cihyaning Bakti
Samekta Ing Upacara

3. Sungkem Bekti Minangka Atur Pisungsung
Anyuwunken Pangaksami
Pra Titah Kang Sampun Layu
Krana Paduka Timbali
Wangsul Maring Sang Hyang Manon


4. Paminta Ji Kang Rumeksa Alam Kubur
Nenggih Sang Hyang Prajapati
Sampurnakno Dhat Puniku
Bumi Wangsul Bu Pertiwi
Dhat Toya Mring Hyang Baruna

5. Dhuh Hyang Agni Mugi Wangsulo Dhat Latu
Cahya Maring Teja Yekti
Dununging Angin Puniku
Nenggih Wangsul Nilawati
Atman Tumuju Mring Brahman

6. Mugi-Mugi Pikantuk Margining Hayu
Nggennya Wangsul Asal Neki
Den Pratitis Jo Kesluru
Lepas Paraning Dumadi
Yekti Datan Punarbhawa
 
Kidung Butha Yadnya

Kidung Bhuta Yadnya

Pangkur

Singgah Singgah Kala Singgah
Pan Suminggah Durga Kala Sumingkir
Sing Ahama Sing Awulu
Lan Suku Sing Asirah
Sing Atenggak Miwah Kala Sing Abuntut
Padha Sira Suminggaha
Muliha Ing Asal Neki
 
KIdung jawa di Solo dan Sekitarnya

Teks kidung yang saya share sering dinyanyikan oleh umat Hindu di pura-pura di Solo dan Sekitarnya (Karanganyar, Klaten, Boyolali, Sragen). Cuma itu yang saya tahu. Mohon maaf jika ada salah ketik.
 
@iws

Panjang bener kidungnya,ntar kalo saya udah tua baru belajar kidung..:D
Komunitas Hindu di Solo dan sekitar bagaimana kabarnya?
 
Teks kidung yang saya share sering dinyanyikan oleh umat Hindu di pura-pura di Solo dan Sekitarnya (Karanganyar, Klaten, Boyolali, Sragen). Cuma itu yang saya tahu. Mohon maaf jika ada salah ketik.
menarik juga bro, klo ada mohon ditambahkan lagi ;)



:-bd
 
 URL Pendek:

| JAKARTA | BANDUNG | PEKANBARU | SURABAYA | SEMARANG |

Back
Atas.